Senin, 04 Agustus 2014

Facebook Vs Blogger, Pora Keren? Antigalauwww....

Facebook Vs Blogger, Pora Keren? Antigalauwww….
(4 Agustus 2014, Jam 08.50, MDA Solo3, Semester 7 STAIN Solo3)
Aku paling gethink nak ngenteni konco, jare janjian jam 2 awan jebhule tekone jam 4. Aku paling sengit yen udan deres ra terang2 padahal posisi kene nggowo payung cilik do prothol wesine. Kanginan sithikkaro lajune bis mergo nang pinggir dalan, kain payunge njephat. Lah2 ngisin2i..
Aku paling sebel nak diarani jomblo, wes tuek rung wani yang2an padahal aku wedi dosa, dadi mendhing tunangan. Aku paling sebhah yen ono wong kepo, takon ra mutu padahal kene wes bosen malah gak mudheng2 sisan.
Nah, semenjak semester 6 akhir, aku mulai
ngrasakke nak urip ki rodo mboseni, galauw puoll..lha piye maneh. Facebook isine gor curhat ra cetho, foto narxist, perasaan galau, nak seng status seneng opo dakwah yo sithik seng ngelike utowo komen. Pora njelehi? Tur maneh, konco2 ki wes do due pacar, sementara seng jomblo ngene ki,,halah2,,gor dinggo nyek2an thok. Malesi temenan og.
Mulai semester 7 q ameh serius ae lah, pye maneh wes do wegah kekancan karo q. Nak gelem paling nak q due panganan thok. “Lim, panganan!” Lambemu kui! Ameh PDKT, modal q opo, q kere. Ngene ae, serius le kuliah, serius le PDKT, dan serius le dolan, hahaha.

Q yo wes bosen nyawang konco2 do yang2an ra cetho, mider2, do pathing srantil koyo sawang monggo. Lah2, karepe do pye cah remaja jaman saiki ki? Wong siap2 perang malah do mojok ae. Nyawang do mangkat boncengan gemlidir. Lha q, ket semester 1 mlaku ae…koyo wali ae. Kapan iso berubah ya? Pengen q, nyugihke umat. Pora keren? 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar